7 Jul 2014

MANTRA PURWAKA

Nalika djaman pandjenengane para wali saraseban nglaras bab anane kaprawiran sarta djaja-kawidjajan, kaprawiran mau kadadean saka telung prakara, jaiku
a.Mel utawa mantra
b.Laku ;
c.Patrap.
a.Mantra. Sakehing mantra kang asale saka basa Djawa supaja disalini basa Arab kabeh, mangkono pamanggihing pandjenengane para Wali, nanging Kangdjeng Sunan Kalidjaga era rudjuk, dja¬laran ora satitik tjatjahing kaprawiran kang mantrane saka sasmi¬taning gaib (dawuhing Pangeran), malah ana uga mantra kang kase¬selan njleneh ora ngretekake, mula saumpama disalini, dikuwatirake jen suda sawabe, luwih maneh jen nanggeri tembung kang njleneh bandjur kaprije, putusane mung sabisa-bisa disalini basa Arab, na¬nging kang ora bisa adja dipeksa. .
b.Laku. Sakehing ngelmu dumadine saka laku, nanging jen laku mau nganti 40 dina lawase, upamane ngebleng 40 dina, sanadyan kuwata mesti bakal ngeterake kuwadjibane agama, jaiku : Sembahjang. Pamanggihe Kangdjeng Sunan Kalidjaga laku 40 dina mau tjukup dilakoni 3 dina bae, nanging kudu milih dina 3 kang neptu 40 (mirsa¬nana bab mantra angka 6).
c.Patrap. Sakehing patrap lan sirikane ora prelu diowahi rnaneh, cjalaran wis kawengku dening tjarane dewe2 kang mengku karep, tjotjog kayo antjase kang dikarepake.
Awit saka pamanggihing pandjenengane para Wali lan usule Kangdjeng Sunan Kalidjaga mau, mula sakehing mantra meh kabeh nganggo basa Arab, mung kari sidji loro kang isih nganggo basa Djawa, djalaran sabab kaja kang kasebut ing duwur mau, sarta sa¬king akehe, dadi ana kang durung disalini. Dene mungguh dajane pada bae.
Wasana kang kapareng migatekake lajang iki, anggere karsa ngla¬koni temen2 mesti ora bakal mleset, paribasane : .Sing sapa temen, mesti bakal tinemu". Bisane kelakon kaja mangkono mau linambaran: kajakinan lan pijandel, djalaran uriping mantra saka djiwa, dadi jen dinalar saka pakartining pikiran tamtu tjupet, awit wus dumunung ing saduwure, malah nggepok marang kasuksman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

untuk menghindari kita menjadi korban penipuan. Jangan mudah percaya dan jangan malu untuk bertanya kepada Mbah Sonorejo Untuk mendapatkan informasi lebih lanjut mengenai jasa-jasa kami, atau menyampaikan keluhan atas layanan, atau memberi masukan untuk perbaikan, mohon tidak ragu untuk menghubungi Mbah Sonorejo NO HP 082335574557 /PIN BB 262401FC